- Home »
- NASKAH DRAMA BAHASA JAWA
Unknown
On Senin, 23 Februari 2015
naskah drama Roro Jonggrang (bahasa
jawa)
Ing sawijine jaman,
ing ndesa sing apik urip ana wedokan kang ditinggal karo bojone . Dheweke urip
karo anake , sing jenenge Bandung.
Bandung : “Bu, nopo ibu mboten kesepian menawi kula lan panjenengan
mung
manggon teng perkampungan
endah niki tiang kaleh mawon.”
Ibu : “Kesepian ngopo to le?Ibu
wis seneng ana kowe nang kene.Awak
dewe uwis urip kecukupan, seneng tanpa ana sing ganggu,arep
njaluk sing piye maneh ibu iki.”
Bandung : “ya mbok menawi ibu kersa duweni rama damel kula.”
Ibu : (mesem ngguyu) “Kowe ki ngomong opo
to.Ora..ora..ibu rapapa urip janda kaya ngene sing
penting ibu duwe kowe(Jare ibune banjur nyayang anake).”
Bandung : “Lho, saestu Bu.”
Ibu :”Sakjane lakyo kowe sing
patut tak takoni koyo ngono kuwi anakku. Kowe iku wis gede, moso kowe arep dewean wae.”
Bandung: (mesem)”Ah, menawi kula, boten usah di pikir bu. Saktemene kula ajeng tanglet kalih ibu, Nanging kula boten kepenak,Bu.”
Ibu : “Kowe arep takon opo?Kok
nganggo ora kepenak barang. Aku iki ibumu opo dudu. Arep takon opo to Le?”
Bandung : “Ngeten lho Bu, saktemene
Rama kula menika sinten? Ngantos sakniki kok kula taksih bingung.”
Bandung : “Bu,kok mendhel mawon? Wonten penggalih menopo to bu?”
Ibu : “Anakku Bandung (ngelus pundake Bandung). Sajake iki wektu sing pantes. Kowe saiki wis gede, ibu ora wedi maneh cerita karo kowe. Ibu ngerti,kowe mesti iso
ngerteni iki.”
Bandung : “Ana apa,Bu?”
Ibu : “Bapakmu kuwi sakjane
bangsawan ing tlatah adoh kono.”
Bandung : “dados bapak tasik sugeng bu?”
Ibu : “Yen kowe pancen pengen
nemoni Ramamu, yo ora opo-opo. Golekana Ramamu
kuwi,nanging ibu mung iso pesen. Rungokno
pesen – pesen ibu iki.”
Bandung : “inggih, Bu.”
Ibu : “Ibu mung iso dongakake
apa sing kowe karepake bakal tok temu. Lek wis kepetuk
ramamu, cepet sujud ing sikile ramamu kanggo tanda
kahormatan. Ing jabakono, pasti akeh wong asing sing bakal kok
temui lan kabeh pasti
nduwe niat dhewe-dhewe.Kowe iku lanangan sing isok
dipercaya . Ojo seneng adu otot anakku, iku ora apik. Ojo waton tumindak ing kono,
ora liyo kanggo njaga keslametanmu dhewe.”
Bandung : “Inggih,Bu.”
Ibu : “Lan siji meneh amanatku (mlebu ing kamar, metu lan nggawa
selendang warna abang). Gawaen selendang iki supaya Ramamu
percaya yen kowe iku anake.”
Bandung : “matur nuwun Bu, nanging kepripun ibu menawi kulangembara.
Menapa ibu aman gesang
piyambakan ing bumi ingkang boten temtu
niki .”
Ibu : “ Ibu ora bakal keno opo-opo. Ibu mung iso
nyangoni slamet yo anakku sing tak tresnani.”
Menika
Bandung budal ngembara. Lan dheweke teko ing nggone jin. Dheweke ditekani karo
para abdi dalem saka nggone jin. Bandung bisa nglawan para abdi dalem. Banjur
Bandung nemoni Jin Bondowoso.
Jin
:” Sampean sapa?”
Bandung
:”Aku Bandung”
Jin
: “ Ono kaperluan opo sampean mrene.”
Bandung :
“Aku arep nggolek Ramaku,opo kowe isok bantu aku nggoleki
Ramaku?”
Jin
:”Wani piro?”
Bandung :
“Yen aku wis dadi raja ing Pengging kowe isok njaluk opo wae sing
kowe karepake.”
Jin
:”Wokey , gawe bantu kowe aku wenehi tigo panyuwunan.”
Bandung :” sing kasiji aku pengen
nemoni Ramaku.”
Jin
:”Oke” (ngilang)
Amarga
Bandung bisa nakluake Jin Bondowoso , akhire jenenge Bandung diwenehi jeneng
Bondowoso. Dadi saiki jenenge Bandung Bondowoso. Jin Bondowoso ngabulake
panyuwunane Bandung Bodowoso. Deweke banjur dadi Raja ing Pengging. Bandung
Bondowoso saiki dadi sombong lan serakah. Dheweke pingin nguwasai
kerajaan Pengging lan kerajaan Prambanan. Dheweke pingin perang karo Prabu
Boko, rajane Prambanan.Prabu Boko direwangi Patih Gupala perang
karo Bandung Bondowoso. Bandung Bondowoso nggawe
panjalukan sing keloro marang Jin Bondowoso ben iso menang ngelawan Prabu
Boko. Akhire Jin Bondowoso lan
Bandung Bondowoso menang nglawan Prabu Boko. Prabu Boko mati tapi Patih Gupala Slamet . Patih
Gupala muleh karo ngetokake getih lan kelaran.
Patih
Gupala :” Nyuwun sewu Putri.”
Jonggrang : “Ana apa Patih. Kok
njenengan wis bali saka peperangan, ana
ngendi Ramaku?”
Patih
Gupala : (menundukkan kepala dan menyembah)”Nyuwun sewu
Roro.” (mikir-mikir)”Prabu Boko…”
Jonggrang :” Rama!?Ana apa karo
Rama?Opo panjenengan duwe kabar
sing ora ke penak Patih?”
Patih
Gupala : “Inggih Roro.”
Jonggrang : “Ana ngendi Ramaku?”(bingung lan arep nangis)." Cerita
karo aku Patih..pundi ramaku?”
Patih
Gupala :” Prabu Boko gugur ing
peperangan menika, Roro.”
Jonggrang :” HA? Apa bener ngendikanmu
kuwi. Opo panjenengan boten
Goroh Patih?”
Patih Gupala :” Saestu ndara. Kula ingkang ngertosi piyambak, Bandung
Bondowoso nusukkaken kerisipun.”
Jonggrang :” Rama…(nangis)”
Wektu nangis iku patih
Gupala mati lan Bandung Bondowoso teka
ing ngarepe Rara Jonggrang. Bandung
banjur mikir-mikir, sapa Ratu ayu ing ngarepe iku?Apa selire
Prabu Baka sing dak pateni mau?
Bandung
:” (mlaku nyedeki Roro). Kena apa kowe duh cah ayu?”
Jonggrang :” Sapa kowe wani teka ing
kerajaan iki?”
Bandung :” Hahaha…Sopo aku? Opo kowe
ora ngenali aku, raja ing
Kerajaan Pengging, lan saiki sing duweni kerajaan sing
gede iki” (ngomong karo sombong), Bondowoso. Hahaha..Ayu tenan kowe. Apa kowe gelem dak dadekake garwaku!
Roro
Jonggrang bingung arep menehi jawaban apa.
Jonggrang
:(mbatin)Bandung
iku wong sing sekti.Ra mungkin aku wani nolak. Nanging atiku ora tresna. Kenal
wae durung, kok njaluk aku dadi bojone. Penak tenan. Saya maneh, uwong iki sing
gawe aku kelangan Rama tercintaku.
Bandung: ”HALAH!!!,trimo ae, Aku ngganteng kok. Kena
apa kowe ora gelem?
Opo kowe isin karo aku?Hem?(karo
nggoda)”
Jonggrang :”Wah.Apa sing arep aku lakokake.Aku mumet.”
Jonggrang
banjur mikir-mikir.
Jonggrang : “Ngene wae, yen kowe
pancen pengen duweni aku, syarate sitik-sitik wae.Gawekno 1000 candi
ing wektu sakmalem.
Yen kowe kasil, aku gelem tok pek bojo.”
Bandung : “Weh..weh..weh..Wah, kowe
ki dagelan tenan kok!!Sewu candi wektu sewengni?10 candi wae, apa mending kowe njaluk
syarat liyane.
Sekarepmulah..Moso kon gawe 1000 candi.Arep tok nggo ngopo candi iku.”
Jonggrang :” Kula tetep pengen
digawekke sewu candii. Iku
panjalukku.buktekno
yen kowe tresna aku Bandung.”
Bandung : “Wis, sakiki ngene wae.
Pase,njalukmu piro?”
Jonggrang : “Aku nyuwun sewu candi!!” (karo arep nglungani)
Bandung : “Yowes..yo wes..Aja mutung
to! Kanggo buktekake tresna
ku karo
kowe, bakal tak gawekake sewu candi.”(janji)
Bandung nggawe panyunuwunanne saka jin sing terakhir.
Bandung :”jin, aku isik nduwe
panyuwunan sing terakhir kan?”
Jin
:”iyo aku iling. Panyuwunanmu apa ?”
Bandung :”aku njlauk tulung
digaweake 1000 candi.”
Jin
:”wokey, mari panyuwunanmu kuwi mau urusanku karo kowe wis
mari,dadi aku ora pingin bantu kowe maneh.”
Jonggrang : “Kepriye iki, apa Bandung bisa
gawe candi okehe semono.”
Dayang : “La kepripun to Putri. Bandung menika lak nggeh tiyang
sekti to Putri,
miterat pamikir kula, kok panyuwun panjenengan, bisa
di tepati. La
wong samenika taksih jam kalih,anggenipun bangun candi
sampun
badhe kelar to Putri.”
Jonggrang : “La terus apa sing kudu tak
lakokake.aku ora gelem rabi karo
Bandung.”
Dayang : “Lajeng kepripun?”
Jonggrang mloka mlaku ing jero kamar
Jonggrang : “Wis, saiki ngene wae. Dayang, tulung tangekake kabeh rakyat
Prambanan, kongkon wong
wadon numbuk pari, lan bakar yajerami.
Sing ana ing kandange pitik. Awak
dewe gawe suasana bengi iki
seakan isuk uwis teka.Lek wis ngono jin-jin sing lagi kerja ngira lek
isuk wis teko,jin-jin padha mlayu lan ojo lali naburake kembang-
kembang.”
Dayang : “Ide ingkang bagus,Putri. Karongono, Bandung pasti ora bias marikake
gawean
kuwi.”
Jonggrang : “Iya. Dayang, cepet dewekmu tangikne wong wong!.”
Dayang : “Inggih ndara.nyuwun
sewu.”
Dayang iku mau
banjur nangikne para wadokan ing ndesa iku. Wedokan
mau dikonkon numbuk padi lan mbakar jerami, Pitik
pitik dikongkon nguruk.
Jin:” Wah, Srengenge wis nyilau ing kono!awakdewe
kudu cepet ngaleh iki.Yen
ora,awake dhewe engko iso angus!Weleh..weleh..
Tapi,piye karo penggawean iki. Candi sing didekno kurang siji engkas.Bandung ya ing endi
iki?”
Para jin-jin pada
mlayu lan ninggalake gaweanne .Ora
suwe maneh
Bandung
Bondowoso teko karo. Dhalu sing rame, srengenge wis muncul , pithik
jago
, para wadon wis mulai numbuk pari lan jin-jin pada ngilang kabeh.Ndeleng
keaadan
kuwi BandungBondowoso. Ing
esuk, Bandung nekani Jonggrang.
Bandung : “Jonggrang, panjalukmu uwis dak turuti, saiki rabio karo
aku.”
Jonggrang : “Oh ya?sing bener? Apa kowe wis bisa gaweanke aku sewu candi?”
Bandung : “Tentu wae tresnoku?”
Jonggrang: “Aku ora percaya.”
Bandung: “kowe ora percaya? Dhelengen iki itungen
candi-candi kuwi.”
Jonggrang: “oke. Tapi iling
janjimu, yen candi kuwi kurang teko sewu, berarti
kowe batal
ngolehake aku,
Bandung.”
Jonggrang ngitung candi-candi kuwi.Mari
bolak-balik ngitung
Jonggrang ngomong.
Jonggrang : “sepurane Bandung, uwis dak itung, candi sing kok gawe kurang siji.”
Bandung : “Hah?sing tenan.kowe
pasti salah ngitung.”
Jonggrang : “aku uwis bola bali
ngitung, nanging hasile pada. Jumlah candi iki
mung 999 .”
Bandung : “yawis, kan mung
kurang sak buah, uwis ana 999 buah. Engko bakal
dak gawekake maneh. Tapi sak uwise kowe rabi karo aku.”
Jonggrang : “ora, Bandung. Janjine dudu kaya ngono! Kowe uwis gagal menuhi
janjimu. Dadi minggato saka uripku. Ojo nyideki aku. Utawa aku
sing bakal minggat.”
Bandung : “Ha?sak wise aku nggawe
999 candi, apa mung iki balesanmu
Jonggrang”
Jonggrang : “Iyo.kowe
pingin apa maneh!!
(nyentak) akonono yen kowe uwis kalah wong elek.”
Bandung : “Jonggrang!!wanine kowe ngenyek
aku!”
Jonggrang : “pancen ngono toh nyatane!”
Bandung : “Jonggrang!! Kowe wis nggawe aku ngamuk! Ket mau aku wis nyobak
gawe sabar gawe ngentukake
kowe , tapi percuma ae pengorbananku
iki. Ora papa aku ora
ngentukne awakmu! Candi iki pancen kurang siji
, lan sakjane sing pantes ngelengkapi ya mung kowe tok! Dadi kowe
Candi
Jonggrang dadio hiasan kanggo kerajaanku!
Jonggrang : “Aaaaahhh !!!!!!!!!!”
Moro-moro Jonggrang berubah dadi Patung.
Rampung..
Total Tayangan Halaman
Lencana Facebook
iqbalafandi99@blogspot.com. Diberdayakan oleh Blogger.